Selasa, 30 September 2014

Thole....Piye kabarmu ?


Thole....Piye kabarmu ? dak sehat to ? putuku piye wis iso opo saiki...? mantuku kepiye kok wis suwe ora telp ?
Yo mugo-mugo kabih kewarasan lan di paringi rejeksi sing lancar yo, Simbok mung iso dongake wis ora dayani koyo ndisek, sing penting anak lan putuku seneng aku melu seneng...

Bapakmu lagi meriang, jare boyoke pegel bar mocok macul wingi nduduk jumblenge pak Carik..saiki simbok arep ning sawah Ngasak gogrokan gabah, Dhe dharmo lagi panen wingi..mugo-mugo ora di seneni,
Dongo dinungo kabih yo nduk , urip mung ngelakoni opo jare sing kuowoso, sing penting akeh sitik gelem sukur wong kabih yo mung duweke GUSTI..
Wis yo Nduk le...Simbok tak mangkat ngasak gabah sikek, selak awan, bapakmu urung sarapan, Gaji pensiuan Tukan kebon...urung cair jarene 2 dino maneh, Simbok reti awakmu lagi sibuk lan akeh gawean wis suwe aku ora krungu suaramu bapak wis Kangen, ning arep telp ewuh ndak ganggu.
--------------------------------------------------------------------------------------------------------------
Pitakone simboke kang TUMIJAN ndisek saben wulan, ning saiki wis ora tau maneh selawase ora bakal krungu maneh, Sing wis klewat orabakal bisa di baleni.

Sumber: www.jawambeling.com
Categories:

0 komentar:

Posting Komentar